Contoh 10 Wewaler Bahasa Jawa ing Kendal

1. Ora oleh mangan karo ngadeg 
Artine : ora oleh mangan karo ngadeg supoyo ora di padhakake karo kewan. Becike mangan iku karo lungguh supoyo luweh sopan

2. Ora oleh ngelungguhi bantal ben ora wudunen.
Artine : sing becik niku bantal gawe mustaka

3. Ora oleh mangan neng lawangan
Artine : amerga ngadangi dalan kanggo lewat

4. Ora oleh dolanan beras, mundaki tangane kithing
Artine : amerga beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

5. Nek mangan kudu di entekke, mundak pithik e mati 
Artine : amerga panganan iku rezeki, lan marai mubazir

6. Nek maghrib ora oleh metu, mundak di colong wewegombel
Artine : supaya bocah-bocah ora metu pas maghrib, amerga maghrib iku wayahe kanggo ngibadah lah ngaso

7. Ora oleh sisot wengi-wengi, amerga iso ngundang setan
Artine : ora oleh sisot amerga ganggu tetanggane.

8. Ora oleh payungan ing njero omah
Artine : amerga payung iku digunakake ing wayah udan lah nek dinggo ing umah marai nyumpek-nyumpeki

9. Bocah wadon nek nyapu kudu resik men bojone ora kumisan
Artine : supaya wong wedok kudu iso njaga kebersihan

10. Bocah wadon ora elok lungguh jegang
Artine : supaya ngindari bocah wadon saka perbuatan seng ora apik

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer