Materi bahasa Jawa
"Geguritan"

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket Deming paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, kan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga aja kang biasa-biasa wae.

A.  Macam kan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane.
    
     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni Jantho cara ing ngisor iki.
A. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan baleni
B. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//)
C. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
D. Golekana pesan utawa amanat kang dikarepake Deming panggurite
E. Tambahan Tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

     Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotenokake isine geguritan, kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, kan bisa uga menehi panemu kang sipate kodok balen (berlawanan)

Tuladhane :

Apa bedane 
(Dening sudi yatmono)


Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati

Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing di bumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah

Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal Pokal gaweane manungsa

Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun tuwuh, angka 138)



B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
  
   Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungsu, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranata utawa aturan
    
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika, supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

a. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale.
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah lah becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale)
d. Isin bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir, nggresah lan sapaninggale.


( Gegaran nyinau basa jawa kelas XII )

Komentar

  1. Terinakasih... membatu.. berkah๐Ÿ˜‡

    BalasHapus
  2. Terimakasih dan sangat membantu

    BalasHapus
  3. Terima kasih,sangat berguna,pengetahuan yang baru bagi yang tidak tau,sangat membantu sekali.

    BalasHapus
  4. Mudah di terima dan sangat membantu.. terima kasih

    BalasHapus
  5. Sangat membantu dan bermanfaat

    BalasHapus
  6. Terimakasih sangat membantu ๐Ÿ˜‡

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan Populer