Materi basa jawa
"Cerkak"

  Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.

  Cerita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paraga mung siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (kalimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang diceritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji)

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
  Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyataan terus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane Pangripta/pangarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangane kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangane kang mbangun wutuhe crit iku diarani unsur intrinsik, kang nyalip underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (panokohan), lakune cerita (alur/plot), kepiye Pangripta anggone nyritakake (point of view), kapang lan papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa tuntunan kang di tujokake marang pamaca (amanat)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanan bebrayan
  Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane Pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan kato niat utawa pitutur kang becik. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), Setya marang negara (patriotisme), pendhidikan, kabudayan, lan sapanunggale

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranata/aturan
  Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cerkak. Urutane lan basane sinopsis kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutane anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutane ing crita iku.

D. Naliti sinopsis crita cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks  lan pranatan.
  Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameha upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiatan kaya ngene umume diaranai njlimeti utawa menyunting. Ing kegiatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, rutute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru yen dibenerake  perangan kang kurang ditambahi, kan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kamerdikan sajrone ngundhai gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika


(Gegaran nyinau basa Jawa kelas X)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer