Materi bahasa jawa 
"Busana adat"

Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarita mapan ana ing busana. Ngono iku unen unen jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. Wolung werna iku urut saka dhuwur : blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik lan selop

A. Maca lan nemokakeisine teks deskripsi babagan busana Jawa
  Kaya kang wus tau dirembug, kang sinebut teks deskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki, samubarang kang dikarepake wujude busana adat jawa. Teks deskripsi babagan busana jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan kan sapanunggale.

B. Nanggapi pokok-pokok isine teks deskripsi babagan busana Jawa.
  Lumantur maca teks deskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku pra sakepenake dhewe. Akeh piwulang kang maybe durung kongreteni saka dadi ngerti. 


Busana adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utwawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, kersi, cindhe utawa Sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, kan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana Pitung warna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkung, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/Parung lan ganja.


C. Nulis teks deskripsi babagan busana jawa kanthi ragam basa kontekstual
  -Ing ngarep wis diterangake menawa teks deskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri ciri kang Katon. Titikane teks deskripsi yaiku tatanane (strukture) ana katrangane bab kang didheskripsekake lan perangan kang didheskripsekake.

D. Maca teks deskripsi babagan busana jawa kanthi nyuwara.
 Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya, mulane sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi : swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjul napas kang pener.
Swara kang cukup teges kang ngerungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron lan pra Kemiren. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/ lan liya liyane kudu cetha


(Gegaran nyinau basa jawa kelas XII)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer