Materi bahasa Jawa 
"Tontonan kebudayaan daerah"

Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang digawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawomgan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit. Ana uga wayang wong kethoprak, ludruk, jaranan lan tayub.

A.  Ngrembug teks eksposisi Babagan tontonan
 Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genap sabanjure bisa ngrembakake pangerteme sing maca. Babkang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud.
1. Dhata faktual : yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa diceritakake kanthi cetha
2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta
3. Fakta ngenai pawomgan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan

Titikane teks eksposisi yaiku.
1. Ngandharake panemu utawa gagasan
2. Nuduhake kahanan sanyatane
3. Nggunakake analisis kan sintesis
4. Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap utawa keyakinan

Struktur teks eksposisi, yaiku :
1. Tesis (pambuka) isi panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake
2. Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing pera tesis
3. Panutup utaw penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi

B. Nulis teks eksposisi
 Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku
1. Nemtokake undheraning perkara tema
2. Nemtokake ancas utawa tujuan
3. Ngumpulke dhata saka maneka sumber
4. Gawe cengkrongan
5. Ngrembakake cengkrongan dadi teks eksposisi

(Gegaran nyinauni basa jawa kelas XI)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer