Materi basa Jawa
"Novel"

Tembung novel asale saka basa Italia "novella" kang tegese  sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandingkan karo crita cekak, novel iki luwih dawa LAN luwih genep isine.

A. Maca lan nanggapi isine teks crita lan niteni perangan-perangane

    Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan terus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utaw rekane Pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane preka (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lkaune crita (alur/plot) kepiye Pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting) lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat)

  Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang diceritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata : sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita : alur lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view sudut pandang iku kalungguhane Pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel kan njumbuhake karo kahanane bebrayan

  Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane Pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat, utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu Tresna marang sasamane, Tresna bangsa, Tresna budaya, lan sapanunggale. Iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), Setya marang negara (patriotisme), pendhidikan, kabudayan, lan sapanunggale.

C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan

  Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutane lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutane anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh kanggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan

   Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling  menilai) sinopsis garapane. Kegiatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tanda wacane. Isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku hake pangganti/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardika sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.



(Gegaran nyinau basa jawa kelas XI)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer